ARTIKEL
BAHASA JAWA
1.SAMPAH
RUMAH TANGGA
Sampah rumah tangga yaiku material turah sing ora dipengenke
sakwise buyare mubarang proses ing rumah tangga. Ing rumah tangga ana loro
jenis sampah yaiku sampah cair lan sampah padat. Sampah cair sing ana ing rumah
tangga contohe saka kamar mandi,lan banyu sisa saka ngumbah piring lan klambi.
Sampah padat sing ana ing rumah tangga yaiku sampah anorganik kang ora bisa
diuraikake karo bakteri,yaiku jenis plastik,botol,kaleng,kertas,tisu lsp.
pengelolaan sampah inggih yaiku proses pengumpulan, pengangkutan, utawa pembuangan
materi sampah. Isih minime kawruh bab tata cara pengelolaan sampah rumah tangga
nggawe sampah ora dimanfaatake maneh.
Rumah tangga salah sawijining panggonan kang ngasilake
sampah anorganik,oleh sebab iku perlu anane pengolahan sampah. Carane yaiku
migunakake 3R. Reduce,karo cara ngurangi panggunaan barang sing ora bisa didaur
ulang. Reuse,yaiku migunakake maneh barang barang supaya ngurangi sampah.
Recycle,karo cara daur ulang sampah. Cara iki diterapake saka kesadaran tiap
tiap individu saya suwi nyalur marang keluarga lan marang lingkungan sosiale.
Akhire lingkungan sosial bareng bareng nyiptakake lingkungan resik saka sampah.
Dibuat Oleh : Adellia Ayunda
X MIPA-2
01
2. PENCEMARAN HAWA
Pencemaran hawa yaiku kahanan menawa hawa wis ora resik
maneh utawa kecemar. Ning kutha-kutha wis akeh kedadeyan iki.
Pencemaran hawa yen diumbar bisa nyebabake bebayan tumrap manungsa.
Pencemaran hawa disebabake dening akeh prakara, salah sijiine saka kendharaan bermotor. Saiki, teknologi saya maju, kalebu babagan transportasi. Pangembangan peralatan transportasi nyengkuyung lancar e kagiatan manungsa.
Pangembangan transportasi nduweni pengaruh negatif, contone sistem ambegan manungsa keganggu, lapisan ozon saya nipis, lan Kagiyatan fotosintesis tanduran keganggu. Kanggo nyuda pengaruh pencemaran hawa , upaya sing bisa ditindakake yaiku, ngurangi nggunakake kendharaan bermotor, nggawe biosolar, lan nandur tandur-tanduran.
Dibuat Oleh : Adellia Salsa Sabila
X MIPA-2
02
3. BANK SAMPAH
Sampah wis dadi salah siji masalah panguripan ing Indonesia lan
Negara-negara ing Dunia. Piturut KBBI, sampah iku barang sisa sing ora digawe
maneh sawise ngliwati proses. Sampah uga diarani baranf buangan amarga
mupangate sing ora genah. Ananging sampah iku iso dadi sumber penghasilan gae
wong akeh. Kepriye carane? Carane yaiku nganggo Bank Sampah.
Bank Sampah yaiku panggonan kang digunakake kanggo ngumpulake sampah kang uwis ngliwati proses dipilah lan dipilih. Sampah-sampah iku bakal dikirim ing panggonan sing bakal ngolah sampah iku kang diarani pengepul sampah. Diarani Bank Sampah amarga sistem sing diterapake kayata sistem perbankan. Warga kang nyetor sampah bakal diwenehi buku tabungan.
Bank Sampah yaiku panggonan kang digunakake kanggo ngumpulake sampah kang uwis ngliwati proses dipilah lan dipilih. Sampah-sampah iku bakal dikirim ing panggonan sing bakal ngolah sampah iku kang diarani pengepul sampah. Diarani Bank Sampah amarga sistem sing diterapake kayata sistem perbankan. Warga kang nyetor sampah bakal diwenehi buku tabungan.
Tujuan digawe Bank Sampah iku yaiku gawe ngewangi proses pengolahan sampah supaya ora nglumpuk. Tujuan liyane yaiku kanggo nyadarake masyarakat supaya urip resik, endah, lan sehat. Bank Sampah uga duweni tujuan ngolah sampah dadi barang sing luwih duweni paedah kayata dadi pupuk kompos utawa kerajinan sing duweni nilai guna.
Mupangat kang iso dirasakake saka enek e Bank Sampah yaiku iso ningkatake nilai guna saka sampah, ningkatake kesehatan lan keresikan lingkungan uga dadi sumber penghasilan kanggo masyarakat.
Pengolahan sampah lan usaha nglestarikake lingkungan ora mung liwat Bank Sampah. Nanging kita kabeh iso mujudake lingkungan resik, sehat, lan endah liwat kesadaran dewe-dewe yen alam iki perlu kita jaga lan lestarikake. Mula ayo bareng-bareng mujudake Indonesia sing sehat, resik, lan endah.
Dibuat Oleh : Adinda Siti A.
X MIPA-2
03
4. SAMPAH
Sampah yaiku bahan sisa sing dibuwang minangka asil saka produksi
industri uga rumah tangga. Sampah iku salah sawijing jenis masalah ingkang
diadepi kabeh negara kalebet Indonesia. Indonesia ngadepi masalah gede sing disebabake
akehe sampah.
Sampah nduweni imbas ana ing kualitas kesehatan warga masyarakat, ngrusak estetika kutha, lan ing wektu sak mburi mengko bisa mrebawani ing investor ana ing daerah-daerah. Miturut ahli kesehatan, polusi sampah bisa ngakibatke dampak kang ora becik kanggo kesehatan, yaiku infeksi saluran pencernaan, kolera, tifus, disentri, lan sakpiturute, amarga laler utawa coro kang bisa nggawa penyakit kuwi mau saka sampah kang numpuk.
Senajan sampah iku salah sawijining jenis ingkang nimbulake kerugian, nanging jebule sampah ugi saget diubah dadi barang ingkang bermanfaat lan ngasilake duit. Mula iku ayo kita kaum muda bisao manfaatake sampah sehingga kita iso urun ing nyelesekne masalah sampah.
Sampah nduweni imbas ana ing kualitas kesehatan warga masyarakat, ngrusak estetika kutha, lan ing wektu sak mburi mengko bisa mrebawani ing investor ana ing daerah-daerah. Miturut ahli kesehatan, polusi sampah bisa ngakibatke dampak kang ora becik kanggo kesehatan, yaiku infeksi saluran pencernaan, kolera, tifus, disentri, lan sakpiturute, amarga laler utawa coro kang bisa nggawa penyakit kuwi mau saka sampah kang numpuk.
Senajan sampah iku salah sawijining jenis ingkang nimbulake kerugian, nanging jebule sampah ugi saget diubah dadi barang ingkang bermanfaat lan ngasilake duit. Mula iku ayo kita kaum muda bisao manfaatake sampah sehingga kita iso urun ing nyelesekne masalah sampah.
Dibuat Oleh : Agung Budi Prasetya
X MIPA-2
04
5. SAMPAH ING DUNYO
Sampah minangka bahan sisa sing ora dienggo sawise pungkasan
proses. Sampah bisa diperang miturut jinis, yaiku adhedhasar sumber, alam lan
wujud. Sampah bisa duwe pengaruh positif utawa negatif marang manungsa lan
lingkungane.
Adhedhasar sumber sampah diperang dadi 6 bagean, yaiku
sampah alami, sampah manungsa, sampah konsumsi, sampah nuklir, sampah industri,
lan sampah pertambangan. Adhedhasar sifat, uwuh diperang dadi 2 jinis, yaiku
sampah organik utawa biodegradable lan sampah anorganik utawa sampah ora
biodegradable. Dene adhedhasar sampah wujud awujud padu utawa cair.
Sampah bisa duwe dampak sing apik utawa ala
marang manungsa lan lingkungane, dampak negatif sing bisa nyebabake macem-macem
penyakit kanggo manungsa, bisa ngotorake lingkungane, lan bisa ngganggu
kegiatan ekonomi. Nanging ing mburi pengaruh negatif saka sampah, ana uga
keuntungan saka sampah sing bisa digunakake minangka pupuk organik kanggo
tanduran, bisa digunakake minangka pakaryan anyar (upaya kanggo ndaur ulang
sampah), lan bisa digunakake minangka bahan bakar alternatif.
Dibuat Oleh : Ahmad Hisyam Shidqi
X MIPA-2
05
6. SAMPAH
Sampah niku salah sawijining jenis masalah ingkang diadepi hampir
kabeh Negara ing Dunya ini. Ora namung ing negara ingkang lagi berkembang,
nanging nggih ing negara-negara ingkang sampun maju. Sampah iku ugi ono 2
jenise, sampah organik lan sampah anorganik. Permasalahan ingkang kerep diadepi
kalih kabeh negara yaiku sampah ingkang jenise anorganik. Senajan sampah iku
salah sawijining jenis ingkang nimbulake kerugiaan, nanging jebulana sampah ugi
saget diubah kanthi barang ingkang bermanfaat lan ngasilake duit.
Dibuat Oleh : Alif Gamma I.
X MIPA-2
06
Tidak ada komentar:
Posting Komentar