ARTIKEL BAHASA JAWA
1. SAMPAH PLASTIK
Sampah wis dadi
masalah sing umum ana negara kita. Masalah iki kaya-kaya ora enek enteke lan
gak mari-mari, nggantung tanpa oleh pemecahan utawa solusi. Masalah pokoke
yaiku sampah saya akeh numpuk ing Bumi, ditambah maneh manungsane saya akeh,
nggarai bumi saya sesek kakehan wong. Saya akeh manungsa, saya akeh sampah kang
diasilake. Akhire sampah sing kadhung akeh mau ora ngerti kudu diguwak menyang
ngendi, makane nyemari Bumi. Salah sawijine sampah sing paling nyemari bumi
kuwi sampah plastik amarga ora isa diancurne karo bakteri, dene pemusnahane
dibong, merga dibong terus nimbulake asap kang nyemari hawa.
Satemene wis akeh
usaha sing diupayakne, kayata nggalakne sampah plastik sing berbayar lan daur
ulang sampah plastik kanggo kerajinan. Masiya ngono, tetep ae masalah sampah
ora mari-mari. Amarga iku hal sing kudu dilakoni yaiku kesadaran manungsone
dewe kanggo njaga lingkungan lan carane ngupakara bumi. Kesadaran iki iso
diwiwiti saka awake dhewe-dhewe kanthi nggunakake barang kang ora dienggo
kaping sapisan. Kolaborasi iki mugo-mugo iso sethithik ngurangi sampah ing
Bumi.
Dibuat Oleh : Alisya firda R.
X MIPA-2
07
2. SAMPAH
Sampah yaiku barang
sisa lan wis ora digunakake saka sakabehing kagiyatan. Sampah kagolongake dadi
2 jenis yaiku sampah organik lan sampah anorganik. Saben dina manungsa
ngasilake sampah . Sampah-sampah kuwi mau bakal numpuk. Yen wis numpuk ,
biasane masyarakat banjur mbuwang sampah kasebut ing kali. Tumpukan sampah ing
kali bisa nyumbat aliran kali, saengga isa nyebabake banjir.
Polah manungsa
sing ala iku perlu diperhatikake. Manungsa kudu owah lan kudu ngerti yen polahe
iku isa nyebabake efek sing gedhe. Efek mau ora mung nduweni dampak marang
lingkungan wae, nanging uga nduweni dampak marang uripe manungsa dewe. Yen wis
nemen, bencana-bencana bakal teka lan manungsa mung isa nangisi nasibe.
Sejatine sampah
isih nduweni mupangat. Mupangat kasebut kayata digawe barang kerajinan lan
pupuk. Tuladhane sampah sing isa digawe barang kerajian yaiku koran bekas.
Koran bekas mau isa dilinting banjur dianyam saengga dadi barang kerajinan
kayata tas lan wadah potlot. Tuladha liyane yaiku klobot jagung sing isa digawe
kembang hiasan. Saliyane barang kerajinan, sampah isa digunakake minangka
pupuk. Tuladha sampah sing isa digawe pupuk kayata sisa sayuran,
godhong-godhongan lan sapiturute.
Saka katrangan ing
ndhuwur isa disimpulake yen manungsa kudu owah lan kudu isa ngolah sampah sing
bener. Salah sijine cara yaiku ngolah sampah dadi barang kerajian lan pupuk.
Yen kita wis isa ngelakoni hal kasebut, saliyane ngurangi tumpukan sampah kita
uga isa nambah penghasilan saka kerajian lan pupuk sampah kasebut.
Dibuat Oleh
: Amalia Rosa Octaviani
X MIPA-2
08
3. SAMPAH DADI PERKARA LINGKUNGAN ING INDONESIA
Sampah yaiku
barang sing wis ora digawe utawa barang sing wis gak berharga sing ana ing
lingkungan sekitar. Sampah iso bersumber teko alam,
kegiyatan manungsa,, teka pabrik, utawa teka rumah tangga. Ing
Indonesia, sampah iso ditemukake ing ndi wae opo maneh ing daerah kota lan
perkara iki saiki dadi perkara kang gedhe ing lingkungan Indonesia.
Sampah ing
Indonesia dadi perkara kang serius. Meh kabeh kota ing Indonesia ngalami
perkara ing pengolahan sampah. Iki mau iso kedadean amarga pengolahan TPA ing kota
lahane isih kurang, dadine akeh masyarakat sing mbuwang sampah ing kali,
selokan, utawa laut. Dadine iku mau iso ngerusak ekosistem lan keresikan laut.
Perkara sing
muncul ing TPA bakalan gawe mandhege pengangkutan sampah teka sumber sampah
menyang ing TPA. Sampah kuwi musuh gawe lingkungan amarga sampah iso marai
pencemaran lingkungan. Lingkungan sing tercemar iku mau iso nyebabake penyakit.
Kudune perkara pembuangan sampah iso ditangani paling dhisik amrihe ora
nimbulake masalah sing luwih serius ing lingkungan masyarakat Indonesia.
Pembuangan sampah
sing ora teratur utawa gak sesuai karo panggonane wis dadi kebiasaan masyarakat
Indonesia. Kebiasaan kuwi mau sing dadi penyebab rusake lingkungan. Perilaku
kuwi sing kudune iso diilangi awit saiki amrihe ora dadi masalah sing luwih
gede maneh. Salah sawijine cara yaiku ngadakake kegiatan sosialisasi keresikan
lingkungan gawe masyarakat. Cara iku mau sing mestine diterapake ing masyarakat
supaya masyarakat ngerti pengaruh ala sing ditimbulne yen mbuwang sampah
ora sesuai karo panggonane.
Dibuat Oleh : Ananda Camelia Farhan
X MIPA-2
09
4. SAMPAH PLASTIK
Sampah plastik
kalebu jenise sampah anorganik.Sampah anorganik yaiku sampah sing angel
diuraike.Amarga sifate sing angel diuraike, sampah plastik dadi masalah sing
gedhe kanggo Indonesia.Ing Indonesia gunggunge sampah plastik sedina rata-rata
5,2 – 6,5 ton.
Plastik dadi bahan
sing penting ing panguripan modern lan panggunaane wis ganteni kayu lan
logam.Kaluwihane sampah plastik yaiku murah, enteng, kuat, lan gampang
diwarna.Iku sing nyebabake manungsa seneng nggunakake plastik, mula akeh sampah
plastik ing lingkungan.
Sampah plastik iku
ana racunne, mula sampah plastik duwe dampak negatif yaiku yen dibakar
nyebabake penyakit kanker marang wong sing nyedot hawa iku.Saliyane iku, yen
sampah plastik dipendhem nyebabake lemah kacampur racun saengga bisa ngedunake
kesuburan lemah. Lan yen sampah plastik dibuwang ing kali bisa nyebabake banjir
uga nyebabake iwak sing ana ing kali mati amarga banyu kali kacampur racun.
Dampak negatif
saka sampah plastik bisa diatasi kanthi cara reduce, reuse, recycle. Reduce
yaiku nyuda gunggunge sampah plastik .Reuse yaiku nggunakake maneh barang kang
isih apik.Recycle yaiku ngolah sampah plastik dadi barang kang
migunani.Tuladhane yaiku kembang, pot, tas, lsp.Tujuane cara recycle saliyane
nyuda sampah, kita bisa intuk penghasilan saka ngedol barang-barang daur ulang
iku.
Saliyane kita
nggunakake plastik, kita uga kudu mikirake dampak saka sampah plastik
iku.Amarga sampah plastik iku ana racunne sing bisa ngrusak lingkungan.Supaya
dampak negatif saka sampah plastik ora kedaden, kita kudu nglakoni usaha
reduce, reuse, recycle.
Dibuat Oleh : Anis
Alif N.
X MIPA-2
10
5. SAMPAH
Sampah yaiku barang kang wis ora kanggo maneh, kayata
sampah kresek, godhong garing kang wis ceblok, lan liyan-liyane. Sampah bisa
dipara miturut jinise, yaiku sampah organik lan sampah anorganik. Sampah
organik yaiku sampah kang diasilake saka manungsa, kewan, lan tanduran. Menawa
sampah anorganik yaiku kayata sampah plastik, beling, wesi, lan sapiturute.
Masiyo sampah didelok minangka barang kang ora kanggo,
nanging sampah isih bisa digunakake. Sampah kang wis ora kanggo bisa diolah
kanthi cara daur ulang. Tuladhane yaiku sampah bungkus kopi bisa digawe dadi
dompet lan tas, plastik bungkus lengo bisa digawe dadi pot tanduran, uga sampah
godhong kang cumeblok bisa digawe pupuk kompos.
Soyo suwe sampah kang ana ing dunya iki saya akeh. Mula
saka kui, kita kudu bisa ngurangi sampah kang ana ing lingkungan sakitar kita.
Kita bisa ngrumat lingkungan kanthi cara mbuwang sampah ing panggone, ndaur
ulang sampah, lan sapiturute. Sahengga kita bisa melu ngrumat bumi iki kanthi
cara kang wis kasebut mau.
Dibuat Oleh : Aradea
Galang B. W.
X MIPA-2
10
6. MASALAH SAMPAH
Limbah minangka
masalah sing diadhepi meh kabeh negara ing saindenging jagad. Ora
mung ing negara-negara berkembang, nanging uga ing negara-negara maju, sampah
mesthi dadi masalah. Rata-rata saben dinane kutha ing Indonesia
ngasilake limbah sing puluhan ton. Sampah kasebut diangkut truk
khusus lan dibuwang utawa dipasang ing papan sing diwenehake tanpa gawe
piala. Saka saben dina sampah terus tumpukan lan ana bukit sampah
kaya sing asring kita deleng. Sampah sing wis diklumpukake, mesthi
bakal ngganggu penduduk sekitar. Saliyane mambu sing ora nyenengake,
tong sampah ditarik karo lalat. Lan uga bisa nyebabake wabah
penyakit.
Limbah minangka
materi sing ora ana regane utawa regane kanggo tujuan biasa utawa utami ing
kain utawa nggunakake barang sing rusak utawa cacat ing kain utawa kakehan
utawa ditolak utawa dibuwang.
Sampah asale saka
rumah tangga, pertanian, kantor, perusahaan, rumah sakit, pasar, lsp. Ing
ngisor iki jenis jenis sampah yaiku:
1. Sampah organik
Tuladha: Sampah pawon, limbah
restoran, limbah sayur-sayuran, rempah-rempah utawa sisa-sisa buah lan
sapiturute sing bisa bosok.
2. Sampah anorganik
Conto: logam, wesi, komplong,
plastik, karet, botol, lan sapiturute sing ora bisa bosok kanthi
alami.
3. Sampah mbebayani
Tuladha: Baterei,
botol racun nyamuk, jarum suntik lsp.
Nanging, sanajan
wis kabukten bisa mbebayani, bisa uga diowahi dadi barang sing migunani kanthi
didaur ulang. Kanggo nyuda pengaruh sampah, sampah sing dibuwang kudu diurutake,
supaya saben bagean bisa kompos utawa didaur ulang kanthi optimal, tinimbang
dibuwang menyang sistem pembuangan sampah sing dicampur kaya saiki. Kajaba iku,
industri uga disaranake kanggo desain ulang produk, kanggo nggampangake proses
daur ulang produk.
Dibuat Oleh :
Aulia Della Putri
X MIPA-2
12
Tidak ada komentar:
Posting Komentar